Klinik Pinter

Onok klinik ditulisi, sopo ae sing berobat gak waras, duwite dibalekno sampek 5 kali lipat.

Saben dino klinik iku rame terus gara-gara slogane menjanjikan, tapi yo ngono, saben berobat nang kono, pasienne mesti waras, durung tau ono pasien sing komplain, gara-gara gak waras.

Weruh ngono Mukidi iseng-iseng pingin berobat mrono, pengin ngetes ben klinike gak iso nangani, terus duwite iso mbalik 5 kali lipat.
Deweke ngarang penyakit sing kiro-kiro aneh, sing wong durung tau krungu.
Mukidi : “dok, aku iki kok duwe penyakit aneh yo ?”

Dokter : “Penyakit opo cak ?”

Mukidi : “Iki loh, aku ben mangan, cangkemku kok gak kroso opo-opo. Pedes, asin, legi, gak kroso blas”

Dokter : “Owalah, iki ngono penyakit gampang diwarasno. Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7”

Dokter : “Iki cak, obate sampeyan ombe saiki. Ono perubahan opo gak ?”

Mukidi pura-pura gak kroso opo-opo, ben duwit’e iso mbalik…..,
Bareng diombe, Mukidi langsung misuh-misuh….. keceplosan :
“Jangkriiikkkkk…, iki ngono dudu obat dok, tapi telek pitik ??”

Dr : “Wah, berarti kon wis waras, cangkem-mu wis iso ngrasakno telek pitik barang”
Akhire Mukidi mulih ambek ngroweng gak mari-mari.

Minggu ngarepe, Mukidi iseng-iseng meneh, pingin berobat nang klinik maneh.

Mukidi: “dok, aku duwe penyakit aneh”

Dr : “Opo iku ?”

Mukidi : “Ngene dok. Aku akhir-akhir iki kok gampang lalian. Jek tas 5 menit ngomong, wis lali sing diomong-no”

Dr : “Walah…gampang iku.”
Mukidi merinding gak karuan.

Dr : “Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7”

Mukidi : “dok ojok guyon, aku emoh nek obat nomer 7”

Dr : “Loh opo’o ?”

Mukidi (spontan) : “Iku dudu obat, tapi telek pitik”

Dr : “Lah iku kon eling, Berarti penyakitmu wis waras !!!”

Mukidi : “Wis dok, gak sudi aku……., gak katene berobat meneh. Mosok saben nang kene disuguhi telek pitik !!”.

Salam tawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *