Nonton Bioskop

MUKIDI NONTON BIOSKOP

Jam 8 isuk ning kantor bioskop
kriiiiing….. ☎ telpon nang meja bioskop XXl muni…!!!!!
Mukidi : “Halloow mas…. aku arep takon bioskop bukak jam pira….?“

Penjaga : “jam siji mas.”

Mukidi : “Bisa buka jam sanga ora mas ??”

Penjaga : “Ora bisa…… biasa jam siji bukake.”

Jam 11 telpon muni maneh……
Mukidi : “Halloow….. Jam pira bukake bioskop?????”

Penjaga : “Sampeyan sing nelpon mau ya mas??? Lak wis dikandani bukake jam 1.”

Mukidi : ”jam rolas ora bisa ta mas??????”

Penjaga : “Ora bisa!!!!…. bioskope mbahmu pa!! “

Mukidi : “Ngenyang sitik wae  mas… gak apa2 wis setengah siji wae ya…????? ”

Penjaga (dongkol atine) : “Sakjane sampeyan arep nonton pilem apa toh…..kok telpon terus-terusan..??”

Mukidi : (karo nangis ) “Aku iki kekuncen nang njero bioskop mas….. mau bengi pas nonton pilem keturon…. tulungana ta mas….. bukakke lawange…. aku pingin mulih..”???

Salam tawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *