Neng Petengan

Neng petengan

Mukidi dolan nang omahe pacare sing jenenge Sri. Sak wise tekan omahe Sri Mukidi mbisiki neng kupinge Sri
“Yang, aku kepingin nduduhke sesuatu karo kowe…”

Sri njawab karo deg2an;

“Opo tho, kaaang?”

Mukidi: “Neng kamarmu wae yo?”

Sri (karo mesem2 manis): “Iyo lah, kang, yuk”

Sak wise mlebu kamar…. 

Mukidi: “Oleh ditutup lawange Da..”

Sri: “Oleh kok Kang, lha ono opo tho kang?”

Mukidi: “Sssst…oleh dikunci ora?”

Sri: “Dikunci oleeeh…opo tho kaaang?”

(Deg-deg-an)

Mukidi neruske aksine…

Mukidi: “Oleh ditutup jendelane?”

Sri (soyo penasaran): “Oleh…”

Mukidi: “Oleh dipateni ora lampune?”

Sri (bergairah): “Oleh banget, kaang”
Sak wise lampu mati…

Mukidi: “Yang.. kowe kepingin ngerti opo sing arep tak weruhke kowe?”

Sri: “Iyoo cayang…”

Mukidi “Kene rada cedak aku… Coba cekelen tanganku…”

Sri “Iiiihhh opo tho, kang? Wis ora sabar lho!”

Mukidi: “Sawangen Yang Jam tanganku lampune iso murup…”

???????

Salam tawa

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *