Lara Kuping

Sawijining dina, Mukidi lara kuping, krasa rada budeg

Mukidi : “Sugeng siang P. dokter.”…
dokter : “Wonten nopo pak?”…
Mukidi : “Ngeten dok, kula lara kuping, niki wau kuping tengen kula kelebon kacang ijo.”…
dokter : “Ooo ngaten. Monggo sarean miring ngiwo.”

…sawise sauntoro wektu…

dokter : “Niki perlu dioperasi. Namung operasi alit.”…
Mukidi : “Lajeng ongkose kinten2 pinten dok?”…
dokter : “Sekitar kaleh yuta.”…
Mukidi : “Wadhuh kok larang sanget. mBoten saged kirang? Sukur2 yen gratis.”…
dokter : “Anggere sabar nggih saged mirah. Malah gratis.”…
Mukidi : “Lha pripun carane?”…
dokter : “mBen enjing lan sonten njenengan sirami. Mengke nek pun dados kecambah, njenengan dudut ..
???

Salam tawa